Monday 16 June 2014

Indonesia, 6 Juni 2014

Indonesia, 6 Juni 2014


Jaman semono
Dalan-dalan isih dadi alas
Tanpa ana omah tingkat sepuluh luwih
Numpak onthel wae ora ketulungan
Apa maneh ngerti listrik lan sapanunggale
            Ananging
Ndilalah satus telulas taun kapungkur
            Ana cahya kang padhang njingglang
            Cahya kang ndadekake jagad iki lair
            Jagad ingkang saka Sabang tumekan Merauke
Anamung
Gara-gara pilihan tanggal 9 Juli 2014 iki
Akeh wong padha lali
Lali mrang laire bapak proklamator
Alah mboh, wong jaman saiki
            Beda sithik, malah padha ngenyek
            Malah pisuh-pisuhan
            Malah padha gelut
            Mbokya elinga
            Iki arep pilihan presiden
            Ananging aja lali mrang bapak insinyur

            Insinyur Soekarno

0 comments:

Post a Comment