Saturday 12 April 2014

Tinugelaning Tyas

Tinugelaning Tyas
Aruna kang padhang njingglang iki
Candra uga ora gelem ngalah
Kartika kang kelap-kelip katon kaloka
Mustika tan angrebut prana
Puspita lan padma ingkang nyengsemake jiwa
Sanadyan kaya mangkono
Sliraku isih amilih sliramu
Esemanmu pait-pait madu
Solah bawa budi pakartimu arum wangi
Tutur gunemanmu pancen agawe adhem ayem
Menawa sliraku bisa sesandhingan karo sliramu
Rasane kalbuku kepingin nembung
Tinugelaning atiku, apa lagi kokgawa ?

Katrangan :
Aruna : srengenge
Candra : rembulan
Kartika : lintang
Kaloka : misuwur/kondhang
Mustika : intan
Prana/kalbu : ati
Puspita/padma : kembang


Minggu 13/04/2014 tabuh 12:49

2 comments: