Wednesday 23 April 2014

Pitutur



Pitutur

urip aneng donya iku
kudu sregep anggone ngelmu
uga dhemen makarya
andhap asor mrang wong tuwa
mikul dhuwur mendhem jero
lan guyup rukun kalihan tangga teparo
tan ngibadah mrang Gusti ingkang Maha Kinasih
sarta njaga resiking panggalih
aja seneng agawe prakara ingkang ala
aja tumindak ingkang ora guna
tutur gunem lan ageman kudu tansah dijaga
supaya dadya manungsa
kang jembar kawruhe
jembar segarane
jembar kubure
sarta cepak rejekine

0 comments:

Post a Comment