Thursday 27 November 2014

Paedahipun Mata Kuliah Retorika Jawa Wonten Masyarakat

Paedahipun Mata Kuliah Retorika Jawa Wonten Masyarakat


            Retorika, inggih menika ngelmu babagan olah swara, raga, lan busana, miwah basa lan sastra. Utawi saged dipunsebat ngelmu pambiwara. Pambiwara inggih menika tiyang utawi priyantun ingkang tinanggenah ngendhaleni utawi mranata lumampahing adicara utawi pepanggihan saha amarsudi murih lumampahing pawiwahan utawi pahargyan saged rancag saha runtut1. Retorika Jawa menika ngginaaken basa Jawa ingkang sae. Ing semester gangsal menika, wonten mata kuliah retorika Jawa. Tujuwanipun mata kuliah retorika Jawa inggih menika para maha-siswa sastra Jawa gadhah ilmunipun adiwicara.

            Paedahipun mata kuliah menika wonten masyarakat, saged masyarakat dhusun utawi kitha ugi kathah sanget. Ingkang kaping setunggal menawi wonten acara adat. Acara adat menika cacahipun kathah. Menawi wonten tiyang ingkang kagungan kersa pawiwahan penganten, kita saged dados pambiwara. Lajeng tiyang ingkang kagungan kersa menika boten repot anggenipun madosi pambiwara ingkang sanes. Pramila kita saged mbiyantu tiyang ingkang kagungan kersa dados pambiwaranipun.

            Ingkang kaping kalih, menawi wonten acara sepasaran bayi, tiyang ingkang saged dados pambiwara inggih menika migunani sanget. Menawi sampun ngertos ngelmunipun adicara, kita saged tulung-tinulung marang tiyang sanes ingkang kagungan kersa. Lajeng acara kadosta pangaosan, sarasehan, kempalan RT/RW, utawi pengetan 17 Agustus menika migunaaken pambiwara.

            Ingkang kaping tiga, ngelmu pambiwara menika ugi saged kita ginaaken menawi pidhato wonten ngajeng. Salah sawijining tuladha, menawi kita dipundhapuk dados pengurus, pangarsa, ta’mir masjid, ngantos dinten-dinten ingkang dipunpengeti kadosta dinten Kartini, dinten kamardhikan NKRI, lan sapanunggalipun.

            Ugi taksih kathah sanget ginanipun mata kuliah retorika Jawa wonten masyarakat. Mangga kita sedaya nguri-uri budaya Jawi ingkang endah menika ngantos benjang. Matur nuwun.
1.         Drs. Imam Sutardjo, M.Hum, Pidhato Basa Jawi., hlm. 15

0 comments:

Post a Comment