Potret Alam
Kabut yang menyerang hutan.
Potret Alam
Penyerangan masih berlanjut.
Potret Alam
Pohon-pohon juga terserang.
Potret Alam
Jalan menjadi berselimut kabut.
Potret Alam
Hutan kian berkabut tebal.
Monday, 5 January 2015
Semangat Nggayuh Kamardikan
Semangat Nggayuh
Kamardikan
Dhek
jaman semono
Langit
pertiwi peteng dhedhet
Bumi
nuswantara udan ludira
Lor
kidul kebak sungkawa
Etan
kulon kebak duhkita
Ananging
Ana cahya kang padhang jingglang
Cahya kang suminar aneng jiwa-jiwa
Jiwa-jiwane pra satriyaning bangsa
Ingkang
mandhegani paprangan mungsuh walanda
Ingkang
ngobarake semangat nggayuh kamardikan
Ingkang
ngurbanake jiwa raga
Agawe
nuswantara terang gumlintang
Ayem
tentrem gemah ripah loh jinawi
Tumekan
tembe buri ...
Tuesday, 30 December 2014
Medhar sabda babagan dinten kamardhikan NKRI
Nama : Henri Firmansah
Nim : c0112022
Jurusan : Sastra Daerah semester 5
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Para
tamu sedaya ingkang kula bekteni.
Ing
wekdal dalu menika, mangga kula lan panjenengan sedaya angucapaken puji syukur
dhu-mateng ngarsa dalem Allah swt. ingkang sampun maringi kasarasan lan
kawilujenganipun lan nikmat kamardhikan bangsa Indonesia. Lan dinten meniki
kita sedaya saget mengeti dinten kamardhikan ingkang kaping 69. Mugya bangsa
Indonesia menika langkung jaya lan raos tentrem, adhil, lan makmur.
Shalawat
saha salam mugya kita aturaken wonten ngarsanipun junjungan nabi agung Mu-hammad
SAW ingkang kita tunggu syafaatipun benjing wontening dinten yaumul kiyamah, Allahumma Amin. Mugi-mugi kita sedaya dados umat ingkang purun
ngelampahi ajaran Islam kanthi leres lan estu-estu ing dalem gesang menika.
Para
rawuh sedaya ingkang kula bagya mulya.
Ing
wekdal ingkang bagya mulya menika, mangga kita sedaya raos syukur ateges
ngelampahi ingkang sampun dipunparingaken bangsa Indonesia arupi kamardhikan
menika. Kita sedaya minangka generasi ingkang nerusaken perjuwanganipun pra
satriyaning bangsa, mangga kita sedaya kanthi sarana nggiataken gotong royong
lan sregep anggenipun pados ngelmu lan lintu-lintunipun. Lan kita sedaya sampun
sumerap, mbok bilih saben tahun kita katetapaken wulan Agustus mengeti dinten
kamardhikan. Sedaya menika kangge ngenang malih kadade-yan lan pinten-pinten
kedadosan wekdal semanten. Semanten ugi kita dados tiyang Islam nglaksanakaken
kewajiban nggali pinten-pinten nikmat ingkang sampun dipunparingaken dhumateng
kita sedaya lan ugi dhumateng sedaya bangsa Indonesia.
Nikmat
arupi kamardhikan ingkang sampun dipunparingaken dhumateng kita sedaya khusus-ipun
lan sedaya bangsa-bangsa Indonesia umumipun. Satunggalipun nikmat ingkang
sanget ageng minangka bangsa Indonesia. Saking kamardhikan menika kedah
estu-estu kita sedaya syukuri. Kados dhawuhipun Allah inggih menika:
“Menawi
kita sedaya syukur minangka dipunparingi nikmat saking Allah, mangka dipuntam-bahi
dening Allah. Lan ananging menawi kita menika ingkar nikmat Allah, mangka kita
ba-kal dipunparingi azabipun Allah ingkang Maha Dahsyat.”
Para
rawuh sedaya ingkang kula tresnani.
Mugya
kita sedaya saget ngisi kamardhikan menika kelawan kesaenan.
Bilahit taufik wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Tuesday, 23 December 2014
Subscribe to:
Posts (Atom)
















