Monday 5 January 2015

Semangat Nggayuh Kamardikan


Semangat Nggayuh Kamardikan

Dhek jaman semono
Langit pertiwi peteng dhedhet
Bumi nuswantara udan ludira
Lor kidul kebak sungkawa
Etan kulon kebak duhkita
            Ananging
            Ana cahya kang padhang jingglang
            Cahya kang suminar aneng jiwa-jiwa
            Jiwa-jiwane pra satriyaning bangsa
Ingkang mandhegani paprangan mungsuh walanda
Ingkang ngobarake semangat nggayuh kamardikan
Ingkang ngurbanake jiwa raga
Agawe nuswantara terang gumlintang
Ayem tentrem gemah ripah loh jinawi
Tumekan tembe buri ...

0 comments:

Post a Comment