Potret Alam
Kabut yang menyerang hutan.
Potret Alam
Penyerangan masih berlanjut.
Potret Alam
Pohon-pohon juga terserang.
Potret Alam
Jalan menjadi berselimut kabut.
Potret Alam
Hutan kian berkabut tebal.
Tuesday, 30 December 2014
Medhar sabda babagan dinten kamardhikan NKRI
Nama : Henri Firmansah
Nim : c0112022
Jurusan : Sastra Daerah semester 5
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Para
tamu sedaya ingkang kula bekteni.
Ing
wekdal dalu menika, mangga kula lan panjenengan sedaya angucapaken puji syukur
dhu-mateng ngarsa dalem Allah swt. ingkang sampun maringi kasarasan lan
kawilujenganipun lan nikmat kamardhikan bangsa Indonesia. Lan dinten meniki
kita sedaya saget mengeti dinten kamardhikan ingkang kaping 69. Mugya bangsa
Indonesia menika langkung jaya lan raos tentrem, adhil, lan makmur.
Shalawat
saha salam mugya kita aturaken wonten ngarsanipun junjungan nabi agung Mu-hammad
SAW ingkang kita tunggu syafaatipun benjing wontening dinten yaumul kiyamah, Allahumma Amin. Mugi-mugi kita sedaya dados umat ingkang purun
ngelampahi ajaran Islam kanthi leres lan estu-estu ing dalem gesang menika.
Para
rawuh sedaya ingkang kula bagya mulya.
Ing
wekdal ingkang bagya mulya menika, mangga kita sedaya raos syukur ateges
ngelampahi ingkang sampun dipunparingaken bangsa Indonesia arupi kamardhikan
menika. Kita sedaya minangka generasi ingkang nerusaken perjuwanganipun pra
satriyaning bangsa, mangga kita sedaya kanthi sarana nggiataken gotong royong
lan sregep anggenipun pados ngelmu lan lintu-lintunipun. Lan kita sedaya sampun
sumerap, mbok bilih saben tahun kita katetapaken wulan Agustus mengeti dinten
kamardhikan. Sedaya menika kangge ngenang malih kadade-yan lan pinten-pinten
kedadosan wekdal semanten. Semanten ugi kita dados tiyang Islam nglaksanakaken
kewajiban nggali pinten-pinten nikmat ingkang sampun dipunparingaken dhumateng
kita sedaya lan ugi dhumateng sedaya bangsa Indonesia.
Nikmat
arupi kamardhikan ingkang sampun dipunparingaken dhumateng kita sedaya khusus-ipun
lan sedaya bangsa-bangsa Indonesia umumipun. Satunggalipun nikmat ingkang
sanget ageng minangka bangsa Indonesia. Saking kamardhikan menika kedah
estu-estu kita sedaya syukuri. Kados dhawuhipun Allah inggih menika:
“Menawi
kita sedaya syukur minangka dipunparingi nikmat saking Allah, mangka dipuntam-bahi
dening Allah. Lan ananging menawi kita menika ingkar nikmat Allah, mangka kita
ba-kal dipunparingi azabipun Allah ingkang Maha Dahsyat.”
Para
rawuh sedaya ingkang kula tresnani.
Mugya
kita sedaya saget ngisi kamardhikan menika kelawan kesaenan.
Bilahit taufik wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Tuesday, 23 December 2014
Thursday, 27 November 2014
Paedahipun Mata Kuliah Retorika Jawa Wonten Masyarakat
Paedahipun
Mata Kuliah Retorika Jawa Wonten
Masyarakat
Retorika,
inggih menika ngelmu babagan olah swara, raga, lan busana, miwah basa lan
sastra. Utawi saged dipunsebat ngelmu pambiwara. Pambiwara inggih menika tiyang
utawi priyantun ingkang tinanggenah ngendhaleni utawi mranata lumampahing
adicara utawi pepanggihan saha amarsudi murih lumampahing pawiwahan utawi
pahargyan saged rancag saha runtut1. Retorika Jawa menika ngginaaken
basa Jawa ingkang sae. Ing semester gangsal menika, wonten mata kuliah retorika
Jawa. Tujuwanipun mata kuliah retorika Jawa inggih menika para maha-siswa
sastra Jawa gadhah ilmunipun adiwicara.
Paedahipun
mata kuliah menika wonten masyarakat, saged masyarakat dhusun utawi kitha ugi
kathah sanget. Ingkang kaping setunggal menawi wonten acara adat. Acara adat
menika cacahipun kathah. Menawi wonten tiyang ingkang kagungan kersa pawiwahan
penganten, kita saged dados pambiwara. Lajeng tiyang ingkang kagungan kersa
menika boten repot anggenipun madosi pambiwara ingkang sanes. Pramila kita
saged mbiyantu tiyang ingkang kagungan kersa dados pambiwaranipun.
Ingkang
kaping kalih, menawi wonten acara sepasaran bayi, tiyang ingkang saged dados
pambiwara inggih menika migunani sanget. Menawi sampun ngertos ngelmunipun
adicara, kita saged tulung-tinulung marang tiyang sanes ingkang kagungan kersa.
Lajeng acara kadosta pangaosan, sarasehan, kempalan RT/RW, utawi pengetan 17
Agustus menika migunaaken pambiwara.
Ingkang
kaping tiga, ngelmu pambiwara menika ugi saged kita ginaaken menawi pidhato
wonten ngajeng. Salah sawijining tuladha, menawi kita dipundhapuk dados
pengurus, pangarsa, ta’mir masjid, ngantos dinten-dinten ingkang dipunpengeti
kadosta dinten Kartini, dinten kamardhikan NKRI, lan sapanunggalipun.
Ugi
taksih kathah sanget ginanipun mata kuliah retorika Jawa wonten masyarakat.
Mangga kita sedaya nguri-uri budaya Jawi ingkang endah menika ngantos benjang.
Matur nuwun.
1. Drs.
Imam Sutardjo, M.Hum, Pidhato Basa Jawi.,
hlm. 15
Galeri Foto Reog Anak di Kota Solo
Galeri Foto Reog Anak di Kota Solo
Setelah sekian lamanya tidak melihat anak-anak yang menarikan seni Reog, akhirnya inilah yang kutemukan di kota Solo.
Setelah sekian lamanya tidak melihat anak-anak yang menarikan seni Reog, akhirnya inilah yang kutemukan di kota Solo.
Bersambung >>>
Subscribe to:
Posts (Atom)














